Arsip untuk ‘cerita’ Kategori

Sejarah Suriname Sejarahing Wong Jawa ing Suriname

9 Januari 2008

Ananing wong Jawa ing Suriname iki ora bisa diculke karo ananing perkebunan-perkebunan sing dibuka ning kana. Samubare ora olehe perbudakan ning kana, lan wong-wong turunan Afrika dibebaske saka perbudakan. Ing pamungkasing 1800an Walanda mulai nekakake para kuli kontrak asal Jawa, India lan Cina. Wong Jawa pramilane dipanggonake ing Suriname taun 1880an lan dipekerjakake ing perkebunan gula lan kayu sing akeh ing tlatah Suriname.
Wong Jawa teka ing Suriname nganggo akeh cara, nanging akeh sing dipaksa utawa diculik saka dhesa-dhesa. Ora cuma wong Jawa sing digawa, nanging ya akeh wong-wong saka Sunda, Batak, lan liyan tlatah sing keturunane dadi Jawa kabeh ning kana.
Wong Jawa nyebar ing saindhenging tlatah Suriname, nganti ana dhesa jenenge Tamanredjo lan Tamansari, ana maneh sing ngumpul ing Marienburg. Wong Jawa Suriname sejatine tansah ana janji ing Tanah Jawa sanajan urip adoh dipisahke karo samudra, iku sebabe Basa Jawa panggah lestari ing tlatah Suriname. Weruh Indonesia wis mardika, akeh wong Jawa sing ndhuwe arep balik ning Indonesia, lan mung sithik sing bener-bener isa balik, iku wae malahan ing tanah Sumatera lan tlatah-tlatah Indonesia liyane. Lajeng, ing taun 1975 wayah Suriname mardika saka Walanda, wong-wong kalebu wong Jawa diwenehi pilihan, panggah ing Suriname utawa melu pindah ing Walanda. Akeh wong Jawa sing akhire pindah ing tanah Walanda, lan liyane panggah ing Suriname. Rata-rata wong Jawa Suriname iku agamane Islam, sanajan ana sing melu agama liyane nanging sethithik.
Sing unik ing wong Jawa Suriname iki, ora oleh rabi karo anak putune wong sa’kapal utawa sa’ jaji. Dadi wong sa’kapal sing digawa nang Suriname iku wis dianggep pasedhuluran lan anak putune ora oleh dirabi.
Wong Jawa Suriname cacahe nganti 15 persene wong Suriname.

http://jv.wikipedia.org/wiki/Suriname#Sejarah_Suriname

Katrangan:
Waosan menika ngandharaken bab wong Jawa urip ning Suriname, waosan menika kalebet jenising argumentasi deduksi inggih menika metode penalaran preposisi ingkang dipun mbangun mboten kalih pemahaman ingkang intuitif lan mboten ugi saking observasi data ingkang langsung naging saking preposisi ingkang sampun wonten.

Rara Mendut-Pranacitra Iku Dongeng Apa Nyata

9 Januari 2008

Dongeng Rara Mendut-Pranacitra tekan seprene isih dadi lakon kethoprak sing nengsemake. Sing dadi pitakone wong akeh, lelakon sing mirip Romeo-Juliet iku kedadeyan tenan apa mung khayalane para pujangga jaman Mataram Sultan Agungan? Ana kang kandha jare iku mung dongeng sanepan. Kedadeyane nyata nanging para paragane digawe wadi (jalaran Rara Mendut lan Pranacitra iku isih krabat ratu). Pak Iman Sobro, jurukunci kuburane Rara Mendut ing Gandhu, Sendhangtirta, Berbah, nalika sugenge uga ngendika menawa panjenengane ora percaya yen Rara Mendut iku mung wong pidak pedarakan (wong cilik). Mesthi isih trahe ratu. Ana maneh kang duwe panduga menawa Rara Mendut iku mula ana tenan, dadi selire Tumenggung Wiraguna.
Dene kang aran Pranacitra iku mung jeneng silihan. Tenane bedhangane Rara Mendut iku putra mahkota kang ing tembe dadi Amangkurat Agung (Seda Tegalarum). Dene kang dikubur bareng Rara Mendut iku abdine putra raja mau. Ana babad mula dicritakake nalika putra mahkota kuwi njupuk selire Wiraguna, kabeh abdine diukum pati. Putra mahkota iki dibuwang menyang Alas Lipura. Kanggo nutupi lingseme Kangjeng Sultan Agung, jenazahe Rara Mendut dikantheni abdine putra mahkota. Sing marakake kodhenge para ahli sejarah, kok makame Rara Mendut iku ana telu. Sing siji ing Gandhu, sijine ana Kajor Wetan, Kelurahan Selapamiara, Imogiri, sijine maneh ana Desa Blambangan, Kelurahan Jagatirta Berbah, Sleman. Sing aneh maneh, sadurunge dilarang ing taun 1965, pejiarah sing kepingin kasil panyuwune kudu nindakake saresmi (hubungan sex) karo pasangan sing dudu muhrime. Kapercayan iku anane mung ing makam Gandhu.
Makam tetelune duwe dongeng turun-tumurum sing meh padha. Yaiku sabubare Pati ditelukake (taun 1627) Tumenggung Wiraguna oleh putri boyongan ayu rupane, jenenge Rara Mendut. Kanggo ngisi wektune garwa selir tumenggung iki diwenehi kebebasan dodol rokok “ndika” (rokok sampeyan). Ndilalah ana jaka bagus kang senengane dolan-dolan tanpa tujuwan. Ing dalem katumenggungan weruh Rara Mendut sanalika “jatuh cinta”. Wong loro mau padha pepasihan. Nuju sawijine dina kekarone duwe tekad mlayu saka katumenggungan. Playune mengidul. Lagi arep nyabrang Kali Oya ing Desa Dogongan ketungka tekane prajurite Wiraguna. Wong loro banjur diaturake marang Wiraguna. Saiba dukane senapati kang wis tuwuk kridhaning perang iki. Masiya Pranacitra wis nyuwun ngapura lan ndheprok ana sikile Wiraguna, nanging ora bisa nyabarake atine. Pranacitra dikon lunga. Lagi entuk rong jangkah Wiraguna kelingan yen harga dirine disewiyah. Pranacitra disuduk saka buri tembus dhadha.
Rara Mendut kang nyekseni kedadeyan iki banjur nubruk kekasihe. Ora wurung keris kang tembus jajane Pranacitra uga nyubles dhadhane Rara Mendut. Sakala padha uga palastra. Kangjeng Sultan Agung nalika midhanget prastawa iki banget trenyuhe. Panjenengane banjur dhawuh supaya kekarone dikubur ana bumi gadhuhan tunggal saluwang. Kuburan Gandhu iki saiki dijaga karo Pak Bachroen (65), pensiunan guru SMP Muhammadiyah Putri Ngayogya. Makam iki sanadyan terbuka siang malam nanging ora kena diinepi. Nitik saka tilase kembang lan bakaran menyan, makam Gandhu iki kerep disambangi peziarah. Sing akeh, asale saka jaba Yogyakarta. Ature: Suwarsono L. JB 31/LX, 2 April – April 2006. http://jayabaya.wordpress.com

Katrangan:
Waosan menika kalebet jenising karangan argumentasi analogi inggih menika cara nggayuh kesimpulan ingkang adhedasar kalian perbandingan utawi persamaan. Kesimpulan ingkang kasifat analogi dereng mesthi leres, wonten konteks wacanan menika argumen saged yakinaken pemaos saget percaya napa boten kalian cerita Rara Mendut-Pranacitra.

Lelakone Mbok Jebrag

9 Januari 2008

Warga Desa Banaran, Kecamatan Tugu, Kabupaten Trenggalek, yen ditakoni sapa kuwi Mbok Jebrag mesthi akeh sing padha ngerti. Luwih-luwih wong asli kono sing urip ing taun 1960-an. Nganti saiki Mbok Jebrag isih kerep dadi crita. Lelakone durung ilang saka angen-angene wong akeh. Sejatine wanita sing umure 75 taun kuwi jenenge Mariyem. Kira-kira taun 1950-an nganti taun 1965-an tansah dadi pocapane wong lanang-lanang ing sakiwa-tengen desane, ora perduli cah enom apa wong tuwa. Jaman semana prasasat ora ana wong lanang sing ora kesengsem karo ayuning rupane. Pawakane lencir dhuwur, kulite kuning mrusuh, irunge ngrungih, lambe tipis, yen mesem ajeg mencutake wong lanang. Critane wong tuwa-tuwa kasebut dibenerake Mbok Miatun (70), adhine Mariyem. Ngakoni manawa mbakyune kuwi rikala jaman enome pancen dadi kembang desa. “Ning emane mbakyuku kuwi ora kuwat drajad.
Senadyan rupane ayu lan pawakane sampurna, ananging kurang kuwat imane. Kaping enem rabi isih kanggo rebutan wong lanang,” kandhane Mbok Miatun sing dibenerake dening Mbah Kaelan, bojone. Taun 1950-an Mariyem utawa Jebrag kuwi wis omah-omah. Dirabi dening jaka tangga desa sing jenenge Slamet. Sejatine anggone mbangun bale wisma wis mapan kepenak lan ayem tentrem. Dheweke dodolan panganan mateng lan diyasakake omah dening sing lanang ana cedhake wong tuwane si Slamet. Ndilalah nganti sawetara wektu anggone omah-omah durung duwe anak. Anggone bukak warung panganan mateng larise ora jamak. Ora maido lha wong sing dodol ayu tenan. Dene Slamet pakaryane tani lan srabutan liyane. Anggone dodolan mau asile uga lumayan. Wiwit iku dheweke mbukak petualangan urip sing anyar. Salah sijine wong lanang sing dadi langganan warunge, pawongane pideksa, bregas, tumpakane sepedha merek Gazelle kasil njiret atine. Slamet, bojone, kudu nglilakake Jebrag sing banget ditresnani iku dirabi wong lanang liya.
Nalika semana wewengkon Trenggalek alase isih ketel. Mula mandor alas tumekane sinder prasasat dadi wong kinurmat. Wektu semana sing dadi sinder priyayi saka Pare jenenge Pak Sis. Sinder alas sing kulina turne turut desa-desa wusanane kepethuk karo Mariyem. Pak Sinder kayungyun gandrung kapirangu. Diglenak-glenik wusanane wong wedok sing wis rabi ping pindho iku gelem dipek bojo. “Pak Sinder kuwi senadyan umure wis rada tuwa nanging tresnane karo mbakyuku jian kepati-pati. Prasasat apa sing dijaluk mesthi dituruti. Jaman semana mbakyuku sugih. Dheweke dening Pak Sinder diyasakake omah gedhong loro. Uga ditukokake lemah lan sawah. Uga digawekake pabrik tahu. Senadyan Mariyem dilulu bandha dening sing lanang ananging bojo tuwane Pak Sinder ora tau serik babarpisan. Wis nglenggana apa anane,” ngono kandhane Mbok Miatun nyritakake lelakone mbakyune. Dhasar wis dadi garising urip. Senadyan urip mulya dadi bojone “ndara” lan kinubeng bandha, sajake uripe Mariyem wiwit kasepen. Pak Sinder kerep tilik mulih mbok tuwa menyang Pare.
Bab kuwi sing ndadekake dheweke kerep ijenan ana ngomah. Kalodhangan kuwi digunakake saapik-apike dening salah sijine jaka kono sing aran Bas. Bas umure luwih enom lan luwih bregas. Bocah lanang kuwi pancen pinter ngrayu. Dhasar imane kurang kuwat, Mariyem mlayu karo Bas menyang Lampung. Bandha pawewehe Pak Sinder samono akehe ditinggal sebrung ora diurusi. Embuh parane menyang endi ora ana sing ngerti. Pak Sinder dhewe, rumangsa dikhiyanati banjur mati ngenes. Teka tanah Lampung Sumatra ora ana sing ngerti kepriye uripe wong sakloron. Ngerti-ngerti Mbok Miatun meruhi Bas mulih dhewe. Sebab Mariyem wis direbut juragan kopi sugih ing Lampung. Sawetara wektu Mariyem uga nusul bali menyang Banaran. Ananging Mariyem sing saiki beda karo nalika budhal biyen. Dheweke bali saka Lampung ing kahanan stress lan ngengleng. Ora wurunga sing kepothokan Mbok Miatun minangka adhine wedok. Digolekake wong tuwa lan dhukun prasasat tepung gelang ora ana sudane. Ujare wong tuwa sing nambani padha: larane digawe uwong! “Olehku nggolek-nggolekne mbakyu ipe wis tekan endi-endi. Kabeh wong tuwa wangsulane padha. Yu Mariyem klambine dicolong marune dilebokake kuburan growong.
Mula ora bisa waras sakteruse,” ngono panuturane Mbah Kaelan sing ora kurang-kurang anggone nggolekake tamba. Dinane iki kahanane Mariyem utawa Mbok Jebrag memelas banget. Manggon ana omah asil swadayane tangga teparo ukuran 3 x 4 m utawa kira-kira sak ukurane pos kamling utawa toilet ing terminal bis kae. Jerone kaya susuh. Kuwi bae yen udan bocor amarga gendhenge sok disogoki dhewe. Senadyan ta kaya ngono, bab mangan dheweke ora gelem nampa pawewehe liyan. Saben dina Mbok Jebrag turut tegalan golek kayu rencekan utawa blarak. Kayu lan blarak sing digawe sapu sada kasebut ditawakake tangga teparo. Wujude ora mingsra. Ananging gandheng kabeh wis paham yen Jebrag ngono pikirane wis ora pati normal mula diijoli dhuwit. Nalika dum-duman dana BLT kepungkur Mbok Jebrag rada kangelan anggone nyairake danane amarga dheweke ora duwe KTP. Nalika arep difoto malah mlayu amarga wedi. Ature: Agus Prasmono JB 34/LX, 23-29 April 2006.

Katrangan:
Waosan menika ngandharaken jenising karangan argumentasi jenis induksi. Wonten waosan menika nyeritaaken bab lelakone mbok jebrag ingkang dados tokoh utami saking cerita menika lajeng dipun jlentrehaken dados paragraf salajengipun.