Endhy's Weblog

pantang menyerah selalu semangat

Sejarah Suriname Sejarahing Wong Jawa ing Suriname 9 Januari 2008

Diarsipkan di bawah: cerita — endhy @ 04:52
Tags: , ,

Ananing wong Jawa ing Suriname iki ora bisa diculke karo ananing perkebunan-perkebunan sing dibuka ning kana. Samubare ora olehe perbudakan ning kana, lan wong-wong turunan Afrika dibebaske saka perbudakan. Ing pamungkasing 1800an Walanda mulai nekakake para kuli kontrak asal Jawa, India lan Cina. Wong Jawa pramilane dipanggonake ing Suriname taun 1880an lan dipekerjakake ing perkebunan gula lan kayu sing akeh ing tlatah Suriname.
Wong Jawa teka ing Suriname nganggo akeh cara, nanging akeh sing dipaksa utawa diculik saka dhesa-dhesa. Ora cuma wong Jawa sing digawa, nanging ya akeh wong-wong saka Sunda, Batak, lan liyan tlatah sing keturunane dadi Jawa kabeh ning kana.
Wong Jawa nyebar ing saindhenging tlatah Suriname, nganti ana dhesa jenenge Tamanredjo lan Tamansari, ana maneh sing ngumpul ing Marienburg. Wong Jawa Suriname sejatine tansah ana janji ing Tanah Jawa sanajan urip adoh dipisahke karo samudra, iku sebabe Basa Jawa panggah lestari ing tlatah Suriname. Weruh Indonesia wis mardika, akeh wong Jawa sing ndhuwe arep balik ning Indonesia, lan mung sithik sing bener-bener isa balik, iku wae malahan ing tanah Sumatera lan tlatah-tlatah Indonesia liyane. Lajeng, ing taun 1975 wayah Suriname mardika saka Walanda, wong-wong kalebu wong Jawa diwenehi pilihan, panggah ing Suriname utawa melu pindah ing Walanda. Akeh wong Jawa sing akhire pindah ing tanah Walanda, lan liyane panggah ing Suriname. Rata-rata wong Jawa Suriname iku agamane Islam, sanajan ana sing melu agama liyane nanging sethithik.
Sing unik ing wong Jawa Suriname iki, ora oleh rabi karo anak putune wong sa’kapal utawa sa’ jaji. Dadi wong sa’kapal sing digawa nang Suriname iku wis dianggep pasedhuluran lan anak putune ora oleh dirabi.
Wong Jawa Suriname cacahe nganti 15 persene wong Suriname.

http://jv.wikipedia.org/wiki/Suriname#Sejarah_Suriname

Katrangan:
Waosan menika ngandharaken bab wong Jawa urip ning Suriname, waosan menika kalebet jenising argumentasi deduksi inggih menika metode penalaran preposisi ingkang dipun mbangun mboten kalih pemahaman ingkang intuitif lan mboten ugi saking observasi data ingkang langsung naging saking preposisi ingkang sampun wonten.

 

5 Responses to “Sejarah Suriname Sejarahing Wong Jawa ing Suriname”

  1. Wahyudi Says:

    Dhumateng Sedherek sedaya engkang wonten Suriname

    Deneng tumraping dalem inggih sae sanget, mandar in Indonesia piyambak inggih sampun radi luntur anggennipun kawruh utawi sinau basa Jawi. Menawi dalem piyambak mandar badhe nyuwun tanglet (bertanya) punpa saget dalem (saya) nyambut damel ( bekerja ) wonten ing Suriname

  2. Untung Prasetyo Says:

    Kagem para sedherek ing suriname,

    Rumaos begja lan seneng amargi kawula saged manggih artikel punika, punapa wonten ingkang kagungan email supados kawula saged tepang (kenal) kaliyan sedherek ing Suriname ?

  3. mardiyo Says:

    Sakjane panjenengan kabeh ya klebu begja bisa urip terdampar nang suriname utawa welanda lan liya2ne sebab nang kene kanggo panguripan mestine lewih apik tinimbang nang jawa saikine apa2 larang akeh wong kencoten kurang pangan lan paguyuban, wis angel ditemoni kaya nang ndesa jaman tahun 1880an nang Indonesia siki apa2 larang : BBM, sembako lan liya2ne dadi nek wong buruh uripe susah iku sing bisa tak tulisi nang kene moga2 panjenengan kabeh sukses lan mesti lewih seneng nang Suriname.

    matur nuwun

    mardiyo

  4. winardi Says:

    sederek jowo ing suriname,saget crito kados pundi biaya hidup dateng suriname.gaji kerja harian menawi di itung dolar kangge kuli,buruh pabrik,pegawai.kulo winardi pengen bandingaken,sak puniko kulo dateng korea.

  5. mbah dukun Says:

    salam tetepangan saking korea, mbok menawi sederek ing tlatah suriname kagungan wektu longgar dipun enthosi balesan e mali lipun.kulo sak konco ndedongo mugi sederek danthen ing suri name tansah manggihi slamet raharjo.kepengin sanget saget tetepangan kaliyan sederek danthen.matur sembah nuwun.


Leave a Reply